Monday, March 26, 2012

Aja Lamis

Awan-awan ngene, penake turu. Hawa-hawane rada adhem marga ntes udan ora ketung sedhela. Nanging aku ora bakal turu awan ambokno ngantuk. Napa? Marga sesuk kuliah saka esuk tekan sore, pull. Dadi, yen aku turu awan lan kesuwen turu, samare yen mengko bengi malah ora bisa turu. Repot to?

Hmmm...

Mending ngrungokake lagu-lagu Didi Kempot wae yo... wis suwe ora tau campur saren je.. Asoy!!!!
Pas sing keputer lagu sing judule “Aja Lamis”, pikiranku mbayangake pas aku SMA mbiyen, yaiku pas aku kelas 2. Pelajaran Basa Jawa, sing mulang Bapak H. *Rasah disebutake yo??* Aku kelingan, mbiyen pelajaran basa Jawa dina Setu lebar ngaso pindho, mulai jam 12. Wah, awan-awan kok malah Basa Jawa?? Ngantuk!

Bener wae, angger ketemu karo Basa Jawa mesti dikongkon nembang. Ngerti pora tembang apa sing kudu dinyanyekake? “AJA LAMIS”. Wah, nganti pirang-pirang minggu, sing dinyanyekake kuwiiii terus. Marai bosen sak bosen-bosene. Hadhuh-hadhuh!!!

1 comment: